Thursday 10 September 2009

Petani Tembakau Kebumen Resah Karena Hujan

Para petani tembakau di sejumlah kecamatan di Kebumen mulai resah dengan turunnya hujan di musim kemarau ini. Bagaimana tidak, hujan "salah mangsa" yang turun selama dua hari berturut-turut kemarin membuat kualitas tembakau menjadi menurun.

Ketua Paguyuban Petani Tembakau Karanggayam, Sukirno mengatakan, saat ini petani dihantui perasaan khawatir akan turun hujan kembali. Mengingat saat kualitas tembakau menurun berdampak pada harga jual tembakau di tingkatan petani. "Saat masih bagus harga daun tembakau basah Rp 3.000/kg. Namun jika kualitasnya turun hanya bisa laku Rp 1.500/kg," keluh Sukirno kepada Suara Merdeka, Kamis (10/9).


Belum lagi turunnya hujan berpengaruh pada kualitas tembakau yang sudah dipetik. Akibatnya banyak tembakau yang hampir membusuk karena kadar airnya terlalu banyak. Namun demikian para petani tidak berbuat apa-apa. Mereka mengaku tidak bisa menolak hujan yang datang dari langit. "Yang jelas kami menjadi rugi besar, tapi bagaimana lagi kami tidak bisa berbuat apa-apa," inbuh pria yang juga Kepala Desa Clapar tersebut.

Sebenarya dia sempat tenang karena ramalan cuaca yang dirilis BMKG, musim kemarau akan mundur. Sehingga saat musim panen sudah selesai baru datang musim penghujan. Namun dengan turunnya hujan dua hari berturut-turut dia menjadi was-was. "Kalau begini terus, petani tembakau di Kecamatan Karanggayam tidak bisa merayakan Lebaran," imbuhnya.

Sebenarnya ada solusi untuk menyelamatkan tembakau petani yakni penyediaan mesin oven untuk tembakau yang telah dipetik. Untuk itu pihaknya berharap Pemkab Kebumen peduli terhadap nasip petani tembakau dengan penyediaan mesin oven.

Sebelum hujan turun, sebenarnya petani tembakau berseri karena harga tembakau relatif tinggi. Harga tembakau kering untuk kualitas bagus mencapai Rp 30.000/kg. Sedangkan untuk daun Rp 3.000/kg. Sedangkan untuk kualitas kelas 2 untuk tembakau kering 20.000/kg sedangkan untuk daun Rp 1.500-2.000/kg. Padahal hanya laku Rp 21.500 bahkan Rp 17.500/kg.

Subiyono (46) petani di Desa Kalijaya, Kecamatan Alian menjelaskan, petani yang tanam tahap pertama sekarang sudah musim petik. Namun untuk yang tahap kedua masa panen tiba setelah lebaran. Untuk tanaman seluas 100 ubin, dia mampu menghasilkan 7 kwintal daun. "Petikan daun utama diperkirakan pada pertengahan September," ujar Subiyono.

Source: Hujan Turun, Petani Tembakau Resah
Read more...

Monday 3 August 2009

Mengenang Buka Puasa Bersama dan Kopdar sing Wis Kepungkur

Tidak tahu kenapa tiba tiba ingin sekali menampilkan foto-foto hasil kopdar yang telah lalu. Ibarate Mengenang acara buka puasa bersama dan sekaligus kopdar tahun 2008 di Yokobento Bekasi. Hal ini bisa menjadi pengingat buat kita karena pada tanggal 22 agustus nanti insyaAlloh sudah memasuki bulan wajib berpuasa bagi umat islam makannya postingan ini sekaligus buat nyawel para pengurus untuk segera menetapkan keputusannya kapan acara buka puasa rutin sekaligus kopdar (kopi darat boo..oo) untuk warga milis bisa ditetapkan. (jan-jane wingi sih wis ngerti bocorane waktu acara puyen nang nggone kang Mamet...)

Beberapa gambar posting mungkin sudah banyak diupload di file resminya milis karanganyar-kebumen@yahoogroups.com jadi saya upload saperlune bae. Melalui postingan ini saya berharap semoga acara buka puasa bersama sekaligus kopdar mendatang lebih rame dan meriah dibanding acara-acara berikutnya amin. Nah gambar nang ngisor kiye sapa yah sing paling ngganteng? lan sing paling Ayu? Maturnuwun angger panjenengan kerso komentar.



Read more...

Tuesday 21 July 2009

Promosi Milis nang acara IWAKK "Walet Emas"

Saking suwene ora kober update eh...begitu update berita lawas...ya mendingan tinimbang babarblas ora di update. Berikut adalah cuilan photo waktu warga milis karanganyar kebumen mempromosikan atau memperkenalkan milis karanganyar kebumen kepada warga kebumen dengan berjualan baju pada acara temu kangen dan Silahturahmi akbar IWAKK Walet Emas di Bekasi.


Read more...

Sunday 9 November 2008

Laporan Kopdar Yokobento Versi Ramane_hatta


Sedulur milis Karanganyar Kebumen, anu durung ana sing nulis mandan lengkap dadi aku njajal nulis laporane kiye mangga disimak ;

Woro-woro kopdar buka puasa bersama Yokobento wis diumumna nang milis kurang lewih sepuluh dina nganti rong minggu sedurunge tanggal 20. Anggota sing wis ngisi database lan ana nomer telepon HP-ne mestine ya ulih SMS sekang ki lurah ngenani undangan buka puasa bersama kuwe. Bar ulih SMS undangan buka puasa bersama aku terus niat kepingin nekani acarane kuwe. Nang milis terus diumumna sapa sing arep melu ya terus dikon konfirmasi. Nek ora salah sing konfirmasi arep teka kurang lewih 40 member.

Telung ndina sedurunge tanggal 20, meh bae ana alangan, sekolahane anakku (Hatta, nembe TK-A) uga nganakena Buka Puasa Bersama. Meh bae aku ora bisa melu kopdar maning, tapi sawise rembugan karo biyung bocah sidane bisa dikompromi, aku buka puasa nang Yokobento, anak bojoku nang sekolahan TK Prima Sakinah. Masalaeh anu wis kebelet banget melu kopdar, masa kudu gagal maning-gagal maning. Ingatase dadi member kawit tahun 2003 – 2008 durung tau babar blas melu kopdar. Padahal selawase kuwe ya sering ana kopdar kaya sing nang depok, nang Manggarai, nang UI, nang Kemayoran, nang Legoso. Taun 2003 lagi dadi member anyar aku nganggo id narayani_001 nganti 2005 bareng duwe anak ganti dadi ramane_hatta, wong anu anakku jenenge Hatta Anggayuh Lintang.

Dina setu 20 September 2008, ket esuk aku wis siap-siap nang ngomah ngumbah pit motor dhisit, anu wis mandan kotor tur ya wis suwe ora dikumbah. Jam rolas awan ba’da dzuhur aku ngeloni anakku dhisit ben turu, masalaeh nek ngerti ramane lunga mesti bakal ribut arep melu, padahal dheweke ya ana acara dhewek nang sekolahan. Jam siji awan aku adus, terus jam setengah loro magkat meng daleme pak Kaji Nur. Anu dhasare daerah umaeh pak kaji Nur (Perumnas 3) wis sering tek jelajahi sih dadi ya aku wis apal dalan-dalane, mulane aku nunggang hondane (padahal mereke Suzuki) ya alon alon bae, nyante. Sawise menempuh perjalanan kurang lewih 17-an kilo, jam 2 seprapat aku tekan umaeh Pak Nur.

Sawise markir honda aku mlebu lewat restorane, takon karo pegawene pak Nur acarane dianakena nang ngendi. Terus aku ditidokena nek acarane nang loteng, lantai loro. Pas aku teka nang kono wis mandan rame, ana ki Lurah Marsikin, Eko Hadiyanto, Maino Dwi Hartono, shohibul bayt Kaji Nur, Arief, mbak Mirah, lan Mbak Muji. Senajan nembe pisan ketemu ngobrole ya nyambung bae, wong padha-padha ngapake sih. Ora let suwe kang Umbul Karanggayam teka karo kancane. Ngobrol ngalor-ngidul karo kang Umbul, jebulane sedulur-dulure sekolaeh bareng karo aku nang SMAN Gombong.

Dulure ya ana sing dadi tanggaku nang ndesa. Se-ngertiku member sekang karanggayam kuwe sing paling aktif nek ana kopdar nang ngendi-ngendi. Jajal bae dititeni nek saben ana kopdar mesti salah siji kang Umbul, sugih-sugihe utawane kang Haris mesti ana sing melu. Meh jam 3 terus ana sing teka maning yaiku kang sugi karo masteng Antarini. Kang Sugi kuwe sanajan wong Purworejo ning bisa melu ngramekna kopdar milis Karanganyar Kebumen. Carike, kang Haris sing ditunggu-tunggu malah ora teka-teka, bareng dibel nang kang Umbul, jare posisine esih nang Pancoran, padahal wektune wis tambah sore. Terus ana sing teka maning Kang Puji Rahmat (Abu Athifah), terus disusul kang Pebri karo mbak Eka.

Ora let suwe maning teka kang Amir karo anak bojone. Kang Amir sing jeneng kerenne mbiyen kang Plenthis, Mira terus terakhir Amsens termasuk member awal milis Karanganayar Kebumen. Jaman kuwe aku tesih kelingan sing paling aktif nang milis seliyane Pak Marsikin, Pak Mardiyo, Kang Paino Widodo uga kang Plenthis kiye. Sing paling khas nek ana member anyar ya terus kon kenalan terus salaman dimin ceg orag-orag. Ning bareng ketemu koh kayane mandan beda 150 persen, wonge ternyata kalem banget, bedha angger nang milis kuwe paling rame. Menjelang jam 4 sing wis padha teka terus foto-foto bareng , jeprat-jepret nganti marem berfoto ria. Kira-kira jam 4 sore kang Sugih-sugihe teka karo humas Iwakk Walet Emas pak Bambang Surisno. Nyambi nunggoni kanca-kanca liyane sing padha durung teka, ana sing tetep dopokan ana sing nonton DVD-ne Ungu dilanjut kelenengan banyumasan lan peang penjol, ana uga sing tesih foto-foto. Ora let suwe teka ustad Rozikin karo bojone, sing jere duwe club dhewek sing jenenge Lawet Kencana.

Terus teka maning ustad Yonastan karo anake lanang, sing asline sekang Tangeran, Sruweng. Wis meh setengah 5 carike karo rombongane tetap durung teka-teka, sidane luraeh nekat mbukak acarane dhewek, sing intine nyritakena perjalanan milis karanganyar Kebumen lan perkembangane nganti siki. Bar luraeh mbukak acara diterusna sambutan sekang wakile shohibul bayt Bapak Ustad Rozikin. Wektu terus mlaku, ora kena diendheg. Kira-kira jam lima sore tempat acarane dipindah nang daleme Pak Nur sing nang Taman Kebayoran, jalaran lantai loro kuwe arep ana sing nganggo acara ulang tahun. Bareng meng njaba nang kana ana sing wis nunggu yakuwe kang Slamet karo kang Sukadi.

Terus padha bareng-bareng meluncur meng omaeh Pak Nur sing jarak-ke kurang lewieh sekilo. Nang omaeh Pak Nur wis akeh bocah-bocah yatim piatu sing arep disantuni wis padha ngumpul. Kira-kira jam setengah 6 rombongane carik Haris, kang Sahri, Mbak Rima nembe teka. Terus ana maning Kang Bagus Sidamukti sekang Balikpapan sing pas ana nang Pandok Kopi, dadi bisa melu nggabung kopdar buka puasa. Ana uga Pak Sawadi sing nembe njemput anake nang Bogor ya melu acara kopdar. Ana uga kang Ali Makhfud karo adine. Acara jelang buka puasa bersama dibuka nang Pak ustad Yonastan, diterusna tausiyah nang ustad asal Wonogiri.

Bar tausiyah terus mbatalna puasa bareng karo es buah, seger banget rasane, aku nganti entong rong gelas koh. Tajilane ana gorengan tahu tempe, anu aku senenge tahu ya sing tek jukut ya tahune bae. Mbatalna puasa secukupe terus padha sholat maghrib berjamaah nang mesjid perumahan Graha Taman Kebayoran. Aku dadi kelingan sekitar taun 2000-2003 aku sering mlayu-mlayu nang dalan ngarep omaeh Pak Nur. Nek dilurusna meng ngetan kayane umahku nang Bumi Sani Permai ya segaris adep-adepan karo omaeh Pak Nur. Ning siji sing ora bisa dirubah nek nang omaeh Pak Nur rasane madep ngalor ning sing bener madep ngetan, nek nang omahku dhewek rasane madep ngidul ning sebenere madhep ngulon.

Dadine nek sholat aku rasane madhep ngidul terus. Bar sholat acara diterusna maning, ana sing dopokan maning, ana uga sing dadi ahli hisab alias ngudud. Ning sing jelas ora ana sing ngudude nganggo klembak menyan. Ora let suwe terus padha mangan prasmanan, gantian sewise bocah-bocah yatim piatu rampungan acara buka puasane. Panganane janjane enak-enak, ning wong anu wis kakehan ngombe aqua gelas karo es buah, dadi mangane ya mung sethithik. Bar mangan-mangan, terus padha kumpul maning nerusna acara kopdar.

Acara terus diisi nang Pak Bambang Ris (Surisno) humas Iwakk Walet Emas, sing intine nyritakena kiprah paguyuban Iwakk Walet Emas nggo memajukan Kebumen. Misale mbantu bocah-bocah pinter sekang Kebumen sing ora mampu secara ekonomi ben bisa padha kuliah nang UI. Terus nyritakena tokoh-tokoh penting sekang Kebumen, kaya Martha Tilaar, Bimantoro, lan liya liyane.

Pak Bambang Ris uga ngewei informasi nek tanggal 9 Nopember 2008 arep ana halal bihalal Iwakk Walet Emas nang GOR Bekasi, dadi kiye ana kesempatan nggo padha ngumpul kopdar maning. Saben taun Iwakk Walet Emas nganakena acara halal bihalal bar badan sing biasane tempate bergilir nang Jabodetabek. Aku dhewek durung tau nekani acara kuwe, tapi sing jelas miturut kang Maino mesti rame mergane sing teka bisa nganti limang ewuan wong. Angger wong limang ewu padha ndhopok dhewek-dhewek nganggo basa ngapak ya kaya tawon ondoan bubar mbok. Iwakk Walet Emas kuwe singkatane Ikatan Warga Asal Kabupaten Kebumen, WAni uLET, Eling Marang ASale. Slogane: Sindhen Rokoke Sintren, Wong Kebumen Ora Baen-Baen. Terus terang aku melu bangga dadi wong Kebumen.

Pengalamanku dhewek wektu manggon nang kampung Rambutan, ternyata tangga-tanggane akeh wong Kebumen. Bareng aku pindah manggon nang Dukuh Zamrud Kota Legenda Bekasi, ternyata ya tangga-tanggane akeh wong Kebumen. Nang tempat kerjaku Indosat, ternyata ya akeh wong Kebumen. Ujarku nang ngendi-ngendi koh ana bae ya wong Kebumen. Balik meng Iwakk Walet Emas, sebenere organisasine wis gedhe, tur akeh anggotane, sayange durung ana sing memprakarsai nggawe website sing representative, ben bis diintip nang internet. Sawise cramah pak Bambang Ris rampung terus dianakna pundi amal milis karanganyar Kebumen, ning mbuh hasile pira aku ora patia nyimak.

Wektu wis tambah mbengi, ora krasa wis jam 9 kurang seprapat. Acara ditutup terus padha salam-salaman. Balike ana sing rombongan, ana sing dhewekan nganggo motor. Aku dhewek tekan ngomah jam 9 seprapat. Bareng chatting karo kang Maino jere tekan ngomah jam 11-an, nek carike tekan ngomah malah jam setengah rolas. Matur nuwun nggo Pak Nur sing wis kersa dadi tuan rumah kopdar sekaligus buka puasa bersama, muga-muga wektu liyane bisa ana kopdar maning. Nek ana kurang lewieh tulisan kiye, njaluk dingapura sedulur kabeh. Kesuwun.
Source
Read more...

Thursday 3 July 2008

Ngapurane Lawas Ora Update sekali posting Woro-woro Kopdar Nang YOKOBENTO

Duh tulung sedulur kabeh anggota milis nyong selaku admin njaluk tulung sapa bae sing kober mbok ayuh bareng bareng blog milis di isi ben bisa nggo pengeling-eling anak putu.

Nyong ya njaluk ngapura meng kabeh bae angger akhir-akhir kye pancen kurang sempet utak atik blog mergane nyong nduwe paculan sing ora bisa tek tinggal. Angger nduwe tulisan sing garep di posting cawel kula mawon....suwun

WORO-WORO

Sesuai dengan isu di milis maka rencana untuk Kodar sebagai berikut:


insaallah KopDAr dianakna Dina Setu,
tanggal 12 Juli 2008 Jam 11.00 WIB.
Panggonan : Yokobento Perumnas 3 Jl. nusantara Raya Blok B2 No.2&3 Aren jaya Bekasi Timur Tlp 021 8826288 / 0811172730
Acara :
  1. Silaturahmi
  2. Pembagian kaos milist
  3. Success Story Yokobento by Owner (Haji Nur)
Hiburan : Campur Sari*

Monggo sareng-sareng kempal sekalian mundut kaos milis....
sapa ngerti sekang pertemuan kuwe ana hal-hal sing bisa dhi gagas kanggo kesejahteraan kita bersama...Amin
Read more...

Thursday 27 March 2008

Partisipasi Anggota Dalam mengusulkan Logo Milis


Perkembangan milis untuk semakin menunjukan jati diri dari milis karanganyar-kebumen@yahoogroups semakin terasa. Adanya usulan dan partisipasi dari anggota terkait dengan nama dan logo. Bahkan ada yang mengusulkan untuk membuat kaos milis sebagai pelengkap identitas.

Kanggo nglengkapi informasi tersebut kiye ana lampiran jeneng lan logo sekang kang Jadul_forever lan kang ib.numubarakber.

Usulane Kang jadul_forever:


Usulane kang ib.numubarak:



Nah pripun niki respon sekang para sesepuh milis, Monggo ditindak lanjuti kemawon supadhos tambah semangat antusiae anggota.. ben bisa nggo neng-neng sedulur kabeh sing gagean kepengin nganggo kaos nang kebon binatang kopdar kedepan.....

ditunggu komentare...

Tambahan : Kula nunggu komentare para sedulur sing garep melu partisipasi nulis blog...mangga nyawel kula ..suwun
Read more...

Friday 15 February 2008

Visi dan Misi serta Tugas dan sasaran

Visi & Misi

Menjadikan milis Karanganyar- Kebumen sebagai wadah komunikasi sesama warga sedaerah Karanganyar dan Kabupaten Kebumen baik secara online maupun offline.

Tugas & Sasaran :

Tugas Tahun 2008 :

Menyelenggarakan pertemuan anggota milis pada tanggal 3 Oktober 2008 (Idul Fitri H+3) di wilayah Kebumen (alternatif : Karanganyar / Petanahan)

Tugas Tahun 2009 dst :

  • Menyelenggarakan kegiatan pertemuan tahunan anggota milis yang diselenggarakan di wilayah Jabodetabek.
  • Menyelenggarakan kegiatan pertemuan dwi-tahunan anggota milis yang diselenggarakan di wilayah Kebumen.
  • Menyelenggarakan kegiatan sosial guna menolong saudara- saudara kita yang membutuhkan yang berada di wilayah Kebumen (misalnya menyumbang yatim piatu, menyumbang bencana, dll.)
  • Melakukan usaha dengan modal dari anggota dan menguntungkan anggota (misalnya dengan koperasi, dll).
  • Menyusun dan menyiapkan un-official site Karanganyar(sementara ini masih di domain gratisan http://www.geocitie s.com/karanganya r_kebumen)
Read more...

 
© Copyright by Milis Karanganyar Kebumen  |  Template by Blogspot tutorial